Assalamualaikum Wr. Wb
Disini saya akan membahas tentang geguritan atau dalam Bahasa Indonesia dikenal dengan puisi.Geguritan puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugerahan tertamtu. Bebas jumlah larik larik ukara ing saben pada, jumlahe pada, pilihan basa kang digunakake, maksude panggurit ana kang nggunakake purwakanthi kadhang ora migunakake purwakhanti. Geguritan kang migunakake purwakanthi yen dirunngokake luwih kepenak(luwih nges).
Paugerane geguritan:
1. Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru
lagu.
2. Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah,
lan uga becik.
3. Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi
sawetra bae.
4. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran,
pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane.
Langkah Langkah kanggo mahami sawijining geguritan:
1. Wacanen geguritan kanthi permati, yen perlu dibolan
baleni.
2. Gatekna hubungan larik ukara, banjur wewehana tandha
kanggo munggel (jeda), upamane punggel sauntara wewehana tandha (/) lan kanggo
sigeg wewehana tanda (//).
3. Golekna teges tembung tembung kang kok anggep angel,
kanthi terus dieling eling, menawa tembung tembung sajarone geguritan bisa duwe
teges lugu, entar, bisa uga lambang utawa gegambaran.
4. Perlu digatekaku menawa saben karangan mesthi duwe pesen
utawa amanat kang kepingin disampekake marang pamaca.
5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane dadi
sedherhana lan gampang dimangerteni.
Sawijining geguritan duwe struktur batin utawa hakekat sing
dumadi saka: tema, suasana, nada lan amanat, kang mujudake jiwaning geguritan
kang ora bisa dipisahake.
Unsur-unsur geguritan:
1. Nada
Nada ing geguritan yaiku sikap batin panganggit, sing arep
diekspresiake marang pamaca. Ana nada nuturi, panyaruwe, nyindhir, berontak,
meri, drengki, sedhih, kuciwa, benci, bungah, lan sapanunggalane.
2. Suasana
Suasana batin pamaca, akibat sawise maca geguritan.
3. Irama
Irama uga diarani ritme, yaiku salah sijine unsure kang ana
gandheng cenenge karo bab bab kang sarwa teratur
4. Pilihan Tembung
Pilihan tembung uga diarani diksi, kanggo ngasilake
geguritan kang trep, pangaggit mesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk.
Dene tembung tembung kang digunakake ana kang duwe teges lugu utawa apa anane
(Denotatif), Tembung kang duwe teges entar utawa ora sabenere (konotatif),
gambaran utawa pralambang.
5. Tembung entar
Mujudake tembung kang tegese wis owah saka teges kang baku.
6. Pralambang
Pralambang iku kena dianggep kaya dene pasemon. Tembange
liya pralampita, wujuding pralambang warna warna, ana kang wujudake gegambaran
utawa pepethan, solah bawa barang utawa basa.
7. Purwakanthi
Tembung "purwa tegese wiwitan, ngarep. dene tembung
"kanthi tegese kanca, gandheng, karo,nganggo. Purwakanthi kena ditegesi
gandheng karo ngarep. Kang dikarepake "purwakanthi" yaiku tetembungan
kang runtut karo tembung mburine, ngenani bab swarane, sastra utawa tembunge.
Purwakanthi kena digolongake dadi telu,yaiku:
a. Purwakanthi guru swara
Diarani purwakanthi guru swara, jalaran ing kono tinemu
rujukan swara utawa runtuting swara siji lan sijine. Purwakanthi guru swara
akeh kanggone, kayata ana ing paribasan, saloka, cangkriman, lelagon, wangsalan,
parikan, geguritan, lan rumpakan liyane.
b. Purwakanthi Guru sastra
Manawa purwakanthi guru sastra ing kono sing rujuk sastrane
utawa tulisane.
c. Purwakanthi Lumaksita
Tembung "lumaksita" tegese lumaku. ing kene
tembung tembung, utawa ukara ing mburi runtut karo tembung tembung ngarepe.
Runtuting tembung ora mesthi satembung wutuh, kadhang kala mung saperangan
utawa sawanda bae. Mula ukara ukarane uga katon runtut lan sambung sinambung,
kepenak dirungokake.
Cukup sekian artikel saya hari ini, mohon maaf apabila ada kesalahan. Terima kasih atas kunjungannya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar