Selamat Datang
Mari kita membahas tentang parikan atau dalam Bahasa Indonesia kita kenal dengan pantun.
contoh :
Pagupon omah doro
Melu nippon soyo soro
PARIKAN yaiku unen unen kang dumadi saka rong ukara lan duwe purwakhanti `ab-ab`
.Ukara kapisan kanggo narik kawigaten, dene ukara kapindo tumrap isi. Parikan dumadi saka rong larik.
Paugeran-paugeran parikan :
1. kedadean saka rong ukara kang nganggo purwakanthi guru swara
2. saben sak ukara kedadeyan saka rong gatra
3. ukara kapisan minangka purwaka, dene ukara kapindo minangka wose
Jenis-Jenise parikan manut cacahing wanda :
1) Parikan kang kedadeyan saka (4 wanda + 4 wanda) x 2
Tuladha :
wedhang bubuk, gula jowo
yen kepethuk, ati lego
mangan teri, lawuh wader
sinau taberi, amrih pinter
Tuku wedhus, oleh sapi
Bocah bagus, becik budi
2) Parikan kang kedadeyan saka (4 wanda + 8 wanda) x2
Tuladha :
Kembang adas, sumebar tengahing alas
Tuwas-tuwas, nglabuhi wong waras
tuku gabah, dinggo makani iwak
ojo susah, garai remuk awak
3) Parikan kang kedadeyan saka (8 wanda + 8 wanda) x2
Tuladha :
enting-enting gula jawa, sebungkus isi sanga
ingatane para siswa,wajib seneng nggubah basa
tuku kayu kayu jati, dinggo griya amrih sae
aku dongo marang Gusti, mugi jodho selawase
4) Parikan kang kedadeyan saka (3 wanda + 5 wanda) x2
Tuladha :
Bayeme, wis kuning – kuning. Ayeme, yen wis nyandhing.
Timune, diiris – iris. Gumune, ora uwis – uwis.
Sirahe, dianguk – anguk. senenge, yen wis kepethuk
Sirahe, dianguk – anguk. senenge, yen wis kepethuk
5) Parikan kang kedadeyan saka (4 wanda + 6 wanda) x2
Tuladha :
Bisa nggender, ora bisa ndemung. Bisa jejer, ora bisa
nembung.
Bisa nggambang, ora bisa nyuling. Bisa nyawang, ora bisa nyandhing.
Manuk emprit, menclok godhong tebu. Dadi murid, sing sregep sinau.
Manuk emprit, menclok godhong tebu. Dadi murid, sing sregep sinau.
Cukup sekian dan terima kasih. Maaf apabila banyak kekurangan.
Itu apa
BalasHapusMaaf nggak sengaja kepencet
BalasHapus