tresno budoyo jowo

Minggu, 22 Oktober 2017

Kumpulan Parikan Bahasa Jawa

Selamat Datang

Mari kita membahas tentang parikan atau dalam Bahasa Indonesia kita kenal dengan pantun. 
contoh :
                 Pagupon omah doro
                 Melu nippon soyo soro



PARIKAN yaiku unen unen kang dumadi saka rong ukara lan duwe purwakhanti `ab-ab` 
.Ukara kapisan kanggo narik kawigaten, dene ukara kapindo tumrap isi. Parikan dumadi saka rong larik. 

Paugeran-paugeran parikan :
 1. kedadean saka rong ukara kang nganggo purwakanthi guru swara
 2. saben sak ukara kedadeyan saka rong gatra
 3. ukara kapisan minangka purwaka, dene ukara kapindo minangka wose


Jenis-Jenise parikan manut cacahing wanda :
1) Parikan kang kedadeyan saka (4 wanda + 4 wanda) x 2
    Tuladha :
                  wedhang bubuk, gula jowo
                  yen kepethuk, ati lego

                  mangan teri, lawuh wader
                  sinau taberi, amrih pinter

                  Tuku wedhus, oleh sapi
                  Bocah bagus, becik budi

2) Parikan kang kedadeyan saka (4 wanda + 8 wanda) x2
    Tuladha :
                   Kembang adas, sumebar tengahing alas
                   Tuwas-tuwas, nglabuhi wong waras

                   tuku gabah, dinggo makani iwak
                   ojo susah, garai remuk awak

3) Parikan kang kedadeyan saka (8 wanda + 8 wanda) x2
    Tuladha :
                   enting-enting gula jawa, sebungkus isi sanga
                   ingatane para siswa,wajib seneng nggubah basa

                  tuku kayu kayu jati, dinggo griya amrih sae 
                  aku dongo marang Gusti, mugi jodho selawase 

4) Parikan kang kedadeyan saka (3 wanda + 5 wanda) x2
    Tuladha :
                   Bayeme, wis kuning – kuning. Ayeme, yen wis nyandhing.
                   Timune, diiris – iris. Gumune, ora uwis – uwis.
                   Sirahe, dianguk –  anguk. senenge, yen wis kepethuk

5) Parikan kang kedadeyan saka (4 wanda + 6 wanda) x2
    Tuladha :
                   Bisa nggender, ora bisa ndemung. Bisa jejer, ora bisa nembung.
                   Bisa nggambang, ora bisa nyuling. Bisa nyawang, ora bisa nyandhing.
                   Manuk emprit, menclok godhong tebu. Dadi murid, sing sregep sinau.

Cukup sekian dan terima kasih. Maaf apabila banyak kekurangan.

2 komentar:

Tembung Garba

Tembung Garba yaiku tembung loro sing diringkes. Tembung garba lumrahe ana ing tembang kanggo ngoyak guru wilangan. Tuladhane Tembu...