Selamat Datang
Mari kita bahas tentang apa itu tembung lingga dan tembung andhahan beserta contohnya.
1. Tembung
Lingga (Kata Dasar)
Tembung lingga yaiku tembung kang durung owah saka asale,
kang durung oleh imbuhan apa – apa, utawa tembung kang isih wungkul, isih
wantah utawa isih asli. Tembung lingga isoh digolongake wujud bebas (bentuk
bebas). Tembung lingga ana kang dumadi saka sakwanda, rong wanda, utawa telung
wanda (suku kata).
Tuladha :
- Turu
- Tangis
- Pari
- Pangan
- Mustaka
- Tulis
- Laku
- Caping
2. Tembung
Andhahan (Kata jadian)
Tembung andhahan yaiku tembung kang owah saka asale. Tembung
andhahan dumadi saka tembung lingga kang oleh imbuhan utawa tembung lingga kang
wis dirimbag. Owah – owahan iku bisa awujud :
- Wuwuhan
(imbuhan)
- Ngrangkep
tembung (kata ulang)
- Nyambor
tem bung (kata majemuk)
Salah sawijini cara ndhapuk tembung andhahan iku kanthi
menehi wuwuhan, wuwuhan iku ana telu yaiku : ater - ater (awalan),seselan
(sisipan),lan panambang.
a. Ater - Ater
Tembung andhahan amarga oleh ater – ater umpamane :
Nyilih : ny- + silih
Mlaku : m- + laku
Diwaca : di- + waca
Kesandhung : ke- + sandhung
Dakjupuk : dak- + jupuk
b. Seselan
Tembung andhahan amarga seselan umpamane :
Gumuyu : um + guyu
Tinulis : in + tulis
Kerelip : er + kelip
c. Panambang
Tembung andhahan amarga oleh panambang umpamane :
Telatan : telat + -an
Awake : awak + -e
Bukuku : buku + -ku
Tulisen : tulis + -en
d. Wuwuhan Gabung
Tembung andhahan amarga oleh wuwuhan gabung umpamane :
Digawakake : di- + gawa -ake
Njupaki : n- + jupuk -i
Nilisaka : n- -ake
Cukup sekian artikel saya hari ini, mohon maaf apabila ada kesalahan. Untuk komentar silahkan tulis dikolom dibawah ini.
bagus banget kak, bisa buat nambah ilmu..
BalasHapus